This is a Brave Rewards publisher verification file. Domain: ngopot.com Token: f56aa6c52b6a82e66c66d9aa78a62d5b8dfcd55a326f2e64e63e502024be1626

Type something and hit enter

author photo
By On
Pengen curhat aku ndes !

Wes embuh pirang ndino aku ngampus terus ngenteni dosen siji iki, padahal yo saben ketemu mesti tak samperi, tak takoni, tak jaluki tanda tangan go validasi (pengesahan) skripsiku, tapi yo tetep wae ora gelem. Padahal wingi-wingi yo sering ketemu terus karo dosen siji iki, tapi nangopo ora gelem tanda tangan, padahal yo nggari tanda tangan lak wes, dadi de'e iso bebas ora bakal tak golek'i terus, ora bakal tak sms terus, ora bakal tak telpon (aku paling alergi nek dikon nelpon dosen, ngentek-ngentek'ke pulsa wae). Wes ngerti de'e yo podo wae seg kuliah (kulai S3) nang mBandung. Prangsane kuliah nang mBandung kuwi cedak karo semarang, iso sepuluh menit tekan bolak-balik ? ora rumongso de'e wes tau dadi mahasiswa S1 po piye tho ? 

Nek, dikon misuh-misuh aku paling iso misuhi dosen siji iki, wes orak betah aku karo dosen siji iki, isone mung gampangke urusan karo mahasiswane. Padahal yo nek diperlu'no paling angel digolek'i, wes ngerti seg kuliah tapi yo isig wae tetep koyok ngunu ora nyadare. Jan, jaluk'e ke piye ? Iki wes tanggal 28 Maret padahal terakhir pendaftaran wisuda tanggal 30 Maret, iki dino rebo lah ngesuk aku kerja, moso aku kudu mbolos kerja go ngurus pendaftaran wisuda maning nek dino iki dosen siji iki urung tanda tangan validasi skripsiku ? aku yo sungkan dab ! aku yo podo wae nduwe kewajiban + tanggung jawab nang sekolahan ngajar murid-muridku.Wes pokoke aku wes sengit banget lah, bar rampung kabeh rak bakal aku urusan maning karo dosen siji iki, skripsi seng de'e jaluk orak bakal tak weneh'ke, rak sudi aku menehi skripsiku, jilid lan tuku kertas'e larang dab! wes ngunu ditemoni angel banget, rak rumongso po piye ? di-sms yo orak dibales, pas dibales pas lagi nang mBandung, opo rak nyengiti nemen kuwi ? Padahal yo aku kawe tanggal 22 Februari ujiane, lah saiki wes tanggal 28 Maret ndes, wes sesasi punjul.

Nek kuwi nang duwur ceritaku, lah ceritane koncoku luwih ngenes maning, bocah siji iki malah dimanfaatke karo dosen pembimbinge seng lagi kuliah S3. Bocah siji iki skripsine diangel'ke nganggo alasan seng rak bener, rak rasional, rak mutu banget lah pokoke alesane, we ngunu dosen'e mencla-mencle maneh, jare dino wingin ngomong ngene tapi pas ketemu maning dino iki ngomong ngunu. Jare buku seng dienggo siji wae, lah pas ketemu manig dosen'e jaluk buku yang dienggo 2, opo ora ngelu dosen iki ? stress po piye tho ya ? 

Wes ngunu, koncoku siji iki karo bocah-bocah seng sak bimbingan karo dosen kuwi yo bocahe lembek-lembek kabeh, orak ono seng wani do protes opo ngomong jujur karo dosen'e opo karo jurusane. Padahal  yo konco-koncone siap ngerewani nek butuh bantuan, tapi yo wes, aku karo konco-konco liyane wes ngandani tapi yo tetep wae angel dikandani, wes orak iso dikandani meneh, aku we wes pasrah karo de'e, karepe lah, meh ujian kapan karepe de'e wes udu urusanku opo urusane konco-koncoku maneh, yo  ora lulus bareng karo kita-kita.

0 comments

Barangkali ada kekurangan dari tulisan ini silahkan tambahkan di kolom komentar untuk berdiskusi.