This is a Brave Rewards publisher verification file. Domain: ngopot.com Token: f56aa6c52b6a82e66c66d9aa78a62d5b8dfcd55a326f2e64e63e502024be1626

Type something and hit enter

author photo
By On
Wah, jan rak mbejaji tenan rasane, bar wingin pengen ganti domain terus ganti blog, alias pindah blog kadi blogger ke wordpress. Malah saiki pengen ganti nama blog, wes lah galau mikir blog iki, golek nama seng apik kok yo angel, padalah nek jare awakku dewe yo nama HIDUP TANPA JUDUL iki yo wes paling apik. Tapi mosok namene HIDUP TANPA JUDUL, padahal jare wong-wong kae yo nek pengen nge'i nama yo namane seng apik, soale nama kuwi jare sebagian kadi do'a (dong'o).

Mangkane kuwi, saiki malah aku kepikiran pengen ganti nama blog iki dadi seng apik, tapi yo kuwi mau, aku yo urung nemu nama seng apik go blog iki, pengene yo nama seng gampang diimut-imut, dadi sopo wae wong seng mampir nang blog ini yo kimutan terus lan seneng mampir terus. 

Nek diganti namane dadi edus tok, ko namane kependeken, nek ditambahi www.edus.web.id ko malah dadi nama domain, padahal iki kan nama blog udu nama domain. Opo diganti nama asliku wae po yo ? EDI SUSILO ?koyoke apik tapi kok terlalu pie yo? rodo aneh si nek nganggo namaku dewe [EDI SUSILO]. Pengene si nama seng mempresentasikan [nggambarno] awakku dewe, misal koyok nama blog seng saiki, HIDUP TANPA JUDUL kuwi, kuwi artine yo pie carane aku kudu gawe judul-judul go uripku dewe, urip kuwi kan sak jane yo mung koyok ngene-ngene wae, nah opo seng terjadi nang uripku kuwi sengan kudune aku juduli, misal pas lagi seneng yo berarti judule uripku pas kuwi yo seneng, opo happy, opo entuk duwit, opo liyane. 

Nah, saiki aku seg mikir, kiro-kiro nama opo seng cocok go ngganti nama blogku iki, ben ketok elegan, mature (dewasa), bijak lan gampang diemut karo wong liyo (nek aku dewe rak kimutan yo rak masalah). 

Wes jan, pengen ganti nama wae yo nganggo bingung plus galau, wes saiki tak pikir2 disik enak'e ngaggo nama opo seng apik go ngganti nama blog HIDUP TANPA JUDUL iki. Dongak'e aku yo dab !

Go sementara nama-nama seng ono nang jero utekku nang ngisor iki : 
  1. Ora ganti nama, alias tetep go HIDUP TANPA JUDUL
  2. EDUS [nama keren, nama beken, nama seng terkenal-ku]
  3. EDI SUSILO [nama asliku]
  4. GRIYOKULO [nama domain blog asli iki]
  5. Edus'Saurus' [makhluk purba seng seg urip nganti saiki]
  6. ............ [mbok yo kulo diparingi idene dab!]

0 comments

Barangkali ada kekurangan dari tulisan ini silahkan tambahkan di kolom komentar untuk berdiskusi.